Jumat, 12 Februari 2010

cerita wayang

 Pregiwa Pregiwati

Jejer ing Pertapan Ngandongsumawi, Begawan Sidik Wacana kaadep ingkang putera putri   pun Dewi Manuhara taksih ngrembag kawontenanipun Pertapan Ngandongsumawi, ingkang saya dangu keti ngal guyub rukun. Ugi ngrembag kawontenanipun wayah pun Endang Pregiwa saha Endang Pregiwati ingkang ketingal sampun ngancik dewasa. Dene sudarmanipun, Arjuna sampun dangu mboten nate mertinja  dateng Pertapan. 


Dereng rampung anggenipun pangandikan, kadadak sowanipun keng Wayah Endang Pregiwa. sumusul sowan ngarsanipun Eyangipun.Sang Begawan paring dawuh dumateng keng wayah. 

Sidik wacana : Kepriye ngger, ana pari gawe apa dene sliramu sowan ngersaku.muga muga wae, sliramu tansah pikantuk rahayu saka gusti, lan tansah linuar saka kabehing bebaya.

Endang Pregiwa :Awit saking pamuji Bapa Begawan, kula pikantuk rahayu. Sowan kula mboten wonten bebaya setunggal  punapa, Bapa.

Sidik Wacana : Pregiwa, kok kadingaren. dene slramu katon suntrut, ana penggalihan apa, enggal matura nduk Pregiwa.


Endang Pregiwa :Makaten Bapa, kula midanget saking, para cantrik, bilih kula taksih gadah sudarma sejati, inggih punika Rama Arjuna satriya Madukara, bapa Begawan.  Pramila Bapa Begawan, ku la pengin ngabekti dateng kanjeng rama Arjuna wonten Kasatriyan Madukara.

Sidik Wacana: Ya, jagat dewa Bathara jagat, Ya aja dadi atimu,dene bapa sala wase iki durung tau paring dawuh marang seliramu ngengingi ramamu Raden Arjuna, kang wus suwe ora tindak rene. Sarehne kowe wus mangerti lan sliramu wus cukup dewasa, mula aku ya kudu ngrilakake sliramu ketemu karo Ramamu ing Kasatriyan Madukara.

Katungka sowanipun Endang Pregiwati kanti tawang-tawang tangis, mrepegi kadangipun sepuh pun Pregiwa, sumelang menawi ditilar madosi sudarmanipun.

Endang Pregiwati : Kangmbok, aku melu kangmbok. Melu aring Madukara nggo leki Rama Arjuna.
Endang Pregiwa : Pregiwati, lunga ring ngendi, wong kangmbok iya ora lunga-lu nga.Kang mbok lagi arep njangan kara lan wedang jae dicampuri madu.

Endang Pregiwati : Kangmbok aja ngapusi, aku wis krungu dewe.

Sidik Wacana: Pregiwa lan Pregiwati, sarehne kowe sakloron wis gamblang lan ceta wela-wela dawuhku ngengingi ramamu Arjuna, mula ing dina iki dina kang prayoga , sliramu enggal budal menyang kasatriyan Madukara.

Endang Pregiwa : Inggih Bapa Begawan, mangestoaken dawuh. Kanjng ibu, kula kekalih pamit lan nyuwun pangestu kanjeng ibu.

Endang Pregiwati : Kanjeng Ibu,Bapa Begawan,aku ya matur kaya kang mbok Pregiwa.

Sidik Wacana: Ya, nduk kang pada ngati ati ana ing margi. Salam ku lan ibumu kagem ramamu.

Dewi Manuhara : Ya, ngger anakku Pregiwa Pregiwati tak pengestuni.

Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati, budal dateng Madukara. Dereng da ngu anggenipun nguntapaken bidalipun keng wayah kekalih,Catrik Janaloka sowan sang Begawan Sidik Wacana.

Janaloka : Sang Begawan kok tega kaliyan putra wayah piyambak, ing nga tase bocah wedok taksih lare dereng dewasa. Kok dipun culaken piyambak.

Sidik Wacana: Apa karepmu. Sanajan Pregiwa Pregiwati lunga dewe tanpa ana  sing nderekake, nanging wis tak jangkung lakune sanajan saka kadohan.

Janaloka : Nanging kula mboten mantep. Kula ingkang rumaos momong nda ra  Pregiwa lan Pregiwati awit alit dugi samangke prasasat sampun kados an ak kula piyambak. Mila kula suwun kersa ha, sang Begawan ndawuhi kula su pados nderekake ndara Pregiwa Pregiwati, njagi kewilujenganipun.

Sidik Wacana: Ya. Ning aku uga ora percaya. Sliramu lanang bendaramu wa don kabeh. Apa sing bisa ndadekake aku percaya marang kowe Cantrik.

Janaloka : Menawi makaten kula bade sumpah, saupami kula damel wirang lan nista para bendara, selami nderekaken Ndara Pregiwa lan ndara Pregi wati, kula bakal sengsara sa margi-margi, menawi ngaso bakal kedawahan pang ageng. Menawi  bade ngombe toyanipun asat, wusananipun kula dikro yok tiyang katah ngantos dumugining pejah.

Sidik Wacana: Kuwi karepmu dewe anggone sumpah, aku ora ngakon. Ya wis  nek ngono oyaken bocah loro kuwi, lan enggal derekna.

Janaloka : Inggih sang Begawan ngestokaken dawuh.

Cantrik Janaloka rumaos pikantuk pulung. Sampun dangu anggenipun nandang  
 wuyung dumateng Endang Pregiwa saha Endang Pregiwati. Cantrik Janaloka enggal
 mbujung bendaranipun.

Janaloka : Ndaaaaaaara Pregiwa ……ndaraaaaaa Pregiwati

Endang Pregiwa : Pregiwati sajake ana kang celuk-celuk.

Endang Pregiwati : Kangmbok sapa ta kangmbok sing celuk-celuk.

Endang Pregiwa : Prayoga disranti sedela.

Endang Pregiwati : Iya…. Kangmbok.

Cantrik Janaloka wusanane saged nyandet lampahipun Endang Pregiwa lan En dang Pregiwati.

Jana loka : Ndara, kula kautus Bapa Begawan nderekake Ndara Pregiwa lan ndara Pregiwati.

Endang Pregiwa : iya, nanging tangane kuwi aja utak-utik wae. Risi aku.

Salajengipun Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati kaderekaken Cantrik Ja naloka. Samargi-margi Cantrik Janaloka tansah nggubel putri kekalih. Wusa na lampahipun sampun tebih saking pertapan Ngandongsumawi.

Janaloka : Ndara kula aturi leren rumiyin wonten ngandap wit ageng nika.

Endang Pregiwa : Iya Cantrik, prayogane ngono, trik.

Janaloka : Pregiwa lan Pregiwati, apa kowe ki, ra krasa yen ditresnani.

Endang Pregiwa : Trik ojo ngono. Iku jenenge murang tata.

Janaloka : Dak rewangi apa bae, angger aku klakon ngrabi awakmu cah sa ka rone pi san.

Endang Pregiwa : La yen aku lan adiku Pregiwati ora gelem nglakoni, terus ke priye Trik.

Janaloka : Oh ya tak peksa tenan.

Sumpahe Cantrik Janaloka nemusi.Angin kang silir dadi angin ageng ingkang muta watiri,Cantrik Janaloka kedawahan pang ageng nyampluk sirahe,dawah jengkelang.  Cantrik  Janaloka dawah kantaka. Nyumurupi kawontenan maka ten, Endang Pregiwa lan Pregiwati mlajeng sarosanipun nilaraken Cantrik Ja na loka. Mboten sawetawis dangu, Cantrik Janaloka enggal eling saking ang genipun kantaka,pulih kados waunipun.

Janaloka : Kok ana pang gedene semono nibani awakku, apa mandi sumpah ku Ora…. ora mandi Sang Begawan manungsa lumrah kaya aku, sang Bega wan dudu dewa. Aku ketiban pang mono, pertanda supaya aku enggal-enggal ngoyak Pregiwa Pregiwati.  Ndara mandeg rumiyin…….….

Cantrik Janaloka mlajeng ngetog sarosane nedya sumusul dateng lare keka lih. Cantrik Janaloka ke telasan napas, tenggorokan garing, Cantrik Janaloka rumaos sanget ngelakipun. mila pados toya wonten Sendang. Ningali toya sen dang ingkang kimplah-kimplah sajak seger, Cantrik Janaloka enggal nyruput toya sendang, nanging sanes toya ingkang dipun ombe, pranyata wedi ing kang dipun ombe. Cantrik Janaloka gaber-gaber, sangsaya garing tenggorok anipun.

Janaloka : Aku kok dadi nemoni kedadeyan kang kaya ngene, sendang kang kim plah-kimplah banyune, bareng tak ombe, banyu sak sendang iki mlayu ningendi,iki aku malah ngombe wedi. Iki apa mandi sumpahku. Ora…ora bakal, Sang Begawan manungsa lumprah, aku ya manungsa lumprah. Ora bakal mandi sumpahku. Iki mono pertanda aku enggal sumusul marang gusti Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati. Ndara ……..ndara Pregiwa……ndara Pregiwati………..

Cantrik Janaloka, wusananipun saged nyandet lampahipun Endang Pregiwa lan En dang Pregiwati.

Janaloka : Gusti niku pripun, kok kula ditilar piyambak. Gusti kedah atos-atos puni ka sampun mlebet wana ingkang nggegirisi, dados sampun tebih-tebih kalih kula.

Endang Pregiwa : Ya, trik, aku mau budal karo ngenteni kowe. Ya. Aku ora adoh-adoh kok.  nanging kowe aja nakal trik.Nek nakal aku ya tak mlayu maneh.

Dereng ngantos dangu anggenipun rembagan, katungka surak mbata rubuh wadya Kurawa njedul saking grumbulan. Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati enggal sumingkir pados panggonan sesi ngidan. Patih Sengkuni saha wadya bala Kurawa mrepegi Cantrik Janaloka.

Sengkuni : Kowe kuwi sapa, Brahmana udu, wong biasa kok ya ora. Kowe arep neng endi lan arep nggoleki sapa, la cah wadon kae sapa lan kepernah apamu.

Janaloka : Yen kowe takon aku, aku Cantrik Janaloka, bocah loro kae putrane Raden Arjuna, Satrya Madukara. Cah loro kae, bojoku. Kowe arep ngapa.

Sengkuni : Aku iki tetunggule Prajurit saka Ngastina,jenengku Patih Haria Se ng  kuni. Janaloka, entuk ora entuk cah loro kae arep tak jaluk, aku iki eyange bocah-bocah kuwi.Aku kudu nulungi, merga bocah-bocah kae arep tak gawa aring Madu kara. Arep tak sowanke ramane, Arjuna.

Janaloka : La kok enak temen. Aku diutus Begawan Sidik Wacana, kudu nde rekake Ndara ku tekan kasatriyan Madukara, kok tekan alas kene,trima tak wenehake  ko we. Aku ora entuk. Nek perlu tak labuhi pati.

Sengkuni : Gede sumbarmu, piye wenehke apa ora.

Janaloka : Tetep tak gondeli, ndara Pregiwa lan Pregiwati bakal tak aturke dewe me nyang Madukara.

Sengkuni : Bocah Kurawa aja wedi kangelan boyongen  Pregiwa lan Pregiwati, Can trik iki singkirna.

Bocah Kurawa : Nggih man, ngestok aken dawuh man. Ayo…….ayoooo…..

Wusana Cantrik Janaloka mandi sumpahe,piyambakipun dikroyok tiang katah lan dikrocok dedamel ngantos dumugi pejah. Endang Pregiwa lan Endang Pre giwati mbengok lan mrepeki kuwandanipun Cantrik Janaloka. En dang Pregi wa lan Pregiwati nangisi kuwandanipun Cantrik Janaloka.

Endang Pregiwa : Piye ta trik, kowe kok mati, trik aku karo sapa. Pregiwati iki terus piye mengko.

Endang Pregiwati : Apa bali neng pertapan bae kangmbok.

Sengkuni : Nduk bocah sakarone, kowe ora susah bingung. Aku iki isih keperenah kadange ramamu Arjuna. Kowe arep neng endi. Lan sapa jeneng mu.

Endang Pregiwa : Jenengku Endang Pregiwa lan iki adiku Endang Pregiwati.

Endang Pregiwati : Ya, aku Endang Pregiwati. La kowe kuwi sapa mbah.
Sengkuni : Aku pepatih negara Ngastina, jenengku Patih Haryo Sengkuni.

Endang Pregiwati : Oh, kowe sing jenenge mbah Seng ta mbah.

Sengkuni : Kok baseng piye, la wong aku mau esuk ya wis adus, ya wis kosokan barang.

Endang Pregiwa : Pregiwati,kowe aja sembrono, ya di ya.

Sengkuni : Ora dadi ngapa nduk, wong sing matur ya bocah ayu.

Endang Pregiwati : La sijine kuwi  sapa ta mbah .

Durna: Aku iki sesepuh negara Ngastina. Jenengku Pendita Durna.

Endang Pregiwati : la kowe awit mau kok nggegem terus ta mbah,apa lagi  nggegem duwit ta Mbah.

Durna: Walah nduk, nduk, aku ora tahu nggojeg duwit ta nduk. Iki tangan saka biyen  ya wis kaya ngene.

Sengkuni : Putra-putraku  Kurawa kabeh.Mau miturut ature Cantrik Jana lo ka,sing ngaku-aku bojone cah loro iki, satemene bocah wedok sakembaran isih klebu Putrane Arjuna kang palakrama karo Dewi Manuhara putrane Beg awan Sidik Wacana. La iki lo, sing dikarepake Prabu Kresna minangka sa ye mbara saranane putrane  Prabu Suyudana, Raden Lesmana Mandra  kumara bisa daup karo Dewi Siti Sendari.

Para Kurawa : nggih man, nggih paman, Nyadong dawuh man.

Sengkuni : Ya, coba aku tak wawan sabda karo bocah wadon loro. Jane kowe bocah sakloron arep menyang endi, lan arep nggoleki sapa.

Dewi Pregiwati : Ya mbah, ngene, aku karo kangmbok Pregiwa iki arep menyang Madukara. Arep nggoleki ramaku Raden Arjuna.

Sengkuni : Tiwas kebenaran nduk, kowe sakloron isih tunggal darah karo para Kurawa.Wong sa mana kae kapernah pakde kabeh. Kebenaran aku ya bakal menyang Madukara, terus menyang Dwarawati, ndelok manten.

Endang Pregiwati : Ayo, kangmbok ndelok manten.

Endang Pregiwa : Pregiwati, aja gampang percaya karo liyan. Sapa ngerti ku wi para begal. Ayo Pregiwati, enggal mlayu.

Sengkuni : Dur,,, Bocahe  mlayu…Bocah Kurawa aja wedi kangelan saiki oyaken ngger.

Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati lumajeng,pados kawilujengan saking re kadaya para Kurawa. Para Kurawa sami kaget dene buronipun mlajeng. Pa ra Kurawa kecalan margi, mboten sumerep dunungipun lare kekalih. Para Ku ra wa enggal sami nyebar madosi sedaya panggenan.

Sinegeg. Raden Abimanyu dalah para Punakawan  sowan dateng eyang Wiya sa ing  Ngukirahtawu, ngemban dawuh ingkang rama, Arjuna..Miturut Eyang Wyasa Abimanyu bakal kepanggih kalian putri Sakembaran. Putri sinatriya ingkang lahir wonten padusunan.Minangkani pamundutipun Prabu Sri Batha ra Kresna  sarana daupipun Raden Abimanyu kalian Dewi Siti Sendari.

Raden Abimanyu ingkang kaderekaken para parepat, sampun dugi sate ngah ipun wana gung liwang liwung,RadenAbimanyu ndawuhi ngaso sawetawis wonten ngandapipun  mandera, aturipun :

Abimanyu : Wa Semar, Nalagareng, Petruk lan Bagong, ayo pada ngaso sa we tara.

Semar : Inggih ndara. E tole, Nalagareng, Petruk, Bagong, kene-kene pada lu ngguh rene, bendaramu ngersaake ngaso sadela.

Gareng : Ya, ma, rumangsaku alas kene katon angker, ning aku seneng nde lok manuk kang pating kleper………….
Truk, Truk, kae manuk apa kok apik tenan.

Petruk : Yen bangsane manuk, iki ya unine ya jenenge. Contone manuk deruk, munine kuk deruk, kuk deruk,mula di jenengke manuk deruk. La, sing tik,tik,tik kae, manuk Glatik. La, kae sing neng nduwur wit kae unine Gaaak…gaaak..gakkk.kae manuk Gagak. Mula aku rak wis ngomong jenenge manuk kuwi unine ya jenenge.

Bagong : Truk, la manuk Srigunting kae, apa ya unine gunting…gunting, Kok kaya bakul gunting nawakake dagangane.

Semar : E tole, pada sing ngati-ngati ya, tole, sajake ana rubeda,  wit-witan pada rungkat, pada pating blesar, iki gek arep ana apa.

Suwasana keng sewaunipun sajak tintrim,sidem,premanem.dados pating  mbraok, pating gedebag pating gedebug,wit-witan sami bosak-basek mboten ka nten an, ndadosaken miris ingkang mirsani, pranyata barisan buta sami nya ndung, nyampar wit-witan ageng, pating blerik suwantenipun. Buta Cakil me dal  saking singidanipun lajeng nglunjak Raden Abimanyu kasedya kata dah kala mangsa. Para punakawan. enggal mrepegi lan ngalang-ngalangi tumindake Para yaksa kang murang tata.

Petruk : E..buta, kok tingkahmu  kok kaya ngono. Kowe mbok enggal suming kir bendaraku  arep nerusake laku, ta buta.  Jane jenengmu sapa ta.buta.

Buta Cakil : Yen takon karo aku, aku Klantang Mimis, buri saka praja Kenca napura. Balik kowe sapa, wong samono kae raine kok  kaya  truwelu.

Petruk : Pancen buta ra tata. Jenengku Edi Supetruk

Buta Cakil : Wong rupamu elek ngono jenenge kok ya ngganggo Edi. La kae sing rupane ora peta sapa jenenge.

Semar   : Weeeeh,Aku Semar.

Gareng : Aku Gareng.

Bagong : Aku Bagong.

Petruk : Kang Gareng, Bagong, ayo butane singkirna. E.. buta, ra gelem lunga klakon tak taboki.          

Buta Cakil : Bocah buta, ayo aja kesuwen, ayo tadah kala mangsa.

Barisan buta : Ya.. ya. Rrrrr. Rrrrrr.

Para Punakawan : ndara Abimanyu, wonten damel gus.

Wusana dados pancakara, barisan buta nerjang Raden Abimanyu lan para Pu nakawan. Raden Abimanyu Kasil merjaya buta cakil, salajengipun barisan buta ngroyok Raden Abimanyu saha Para Punakawan. Raden Abimanyu ruma os kewalahan, lajeng mentang langkap gendewa, para raseksa sami pejah. Para yak sa ingkang taksih gesang mlajeng salang tunjang.

Raden Abimanyu nerasaken lampah. Dumadakan kepireng suwantenipun wa nita  kang nyuwun pitulungan. Enggal Raden Abimanyu madosi asalipun su wanten. Mboten dangu, lajeng  ketingal para pawestri pun Endang Pregiwa lan  Endang Pregiwati, ingkang girap-girap sajak ajrih, mrepegi Raden Abima nyu. Ra den Abimanyu lajeng ndangu dateng pawestri kekalih.

Abimanyu : Mengko ta bocah wadon, kowe sakloron iki sapa, sapa jenengmu, lan  ana pari gawe apa, kowe sakloron pada mlayu, apa ana sato kewan kang ngoyak jeneng sira.

Endang Pregiwa : Ya, kakang, aku iki Endang Pregiwa lan iki adiku Endang  
Pregiwati. Aku arep sowan ramaku Raden Arjuna satriya Madukara. Aku di oyak-oyak mbah Sengkuni lan mbah Durna karo wong akeh banget. Malah mau sing ngeterake aku kakang Cantrik Janaloka uga dikroyok nganti mati kang. 


Abimanyu : Nek ngono, kowe sakarone isih sedulurku dewe, aku ya putrane Rama Arjuna. Wis adi-adiku, kowe sakloron ana pungkur pun kakang.

Endang Pregiwati : Aku wedi banget kang, aku mbok ditulungi, wong mau isih ngoyak ngoyak  kang.

Abimanyu : Iya di, aja was wasing  penggalih di.

Sanajan taksih tebih,Suwanten barisan sata Kurawa pating brengok sampun kepireng. Sampun mrepegi Raden Abimanyu.

Sengkuni : Abimanyu, aja dadi atimu Pregiwa Pregiwati entuk ora entuk tak jaluk. Arep tak gawa menyang Dwarawati,tak sowanke Prabu Sri Bathara Kresna.

Abimanyu : Mboten saged eyang, Pregiwa Pregiwati taksih adi kula piyambak, mila bade kula sowanken dateng Rama Arjuna.

Sengkuni : Bocah Kurawa, aja wedi kangelan,iki ana gawe, Abimanyu singkirna, lan cah wadon Kae boyongen.

Wusana para Kurawa ngeroyok Raden Abimanyu.Endang Pregiwa lan Enda ng Pregiwati sami sumingkir. Abimanyu kuwalahan tanding kalian para Kura wa. Sinigeg Raden Gatutkaaca ingkang taksih wonten dirgantara,ningali ka wontenan kados makaten, enggal mandap niyup kados garuda ingkang nyam ber mangsan. Geger barisan Kurawa salang tunjang,sami dawah napa malih gemlundung  wonten jurang. Para Kurawa bubar tangkar pados selamet.


Gatutkaca : Pangapurane di, aku kepeksa ngeridu anggomu tanding karo 
barisan Kurawa, ora teges pun kakang ngremehake jeneng sira di.

Abimanyu : Mboten dados punpa kakang.

Gatutkaca : Abimanyu, kowe iki ngirid bocah wedok endi.(wonten batos: Aku sir karo sing gede, katon mranani penggalihku)
                                       
Abimanyu : Punika putranipun Rama Arjuna. Ingkang punika Endang Pregiwa. Ingkang setunggal malih Endang Pregiwati.Punika putranipun Rama Arjuna pa tut an kalih Ibu Manuhara, putra Begawan Sidik Wacana saking pertapan Ngandongsumawi. Lare-lare punika ingkang dipun kersaaken Prabu Sri Batha ra Kres na, wonten ing sayembara pados patah sakembaran ingkang saking ndusun nang ing taksih turun sinatriya, minangka serah serahan daupipun Dewi Siti Sendari kalian Abimanyu.

Gatutkaca : Nek ngono di, kanggo nylametake bocah loro iki, lan uga nyepetke laku, Pregiwa lan Pregiwati tak pondonge, aku tak mangkat disik ya di. Si adi Sumusula menyang Madukara.

Abimanyu : Nyumanggaken kakang.Raden Gatutkaca mondong Endang Pregi wa lan Endang Pregiwati nggeblas dirgantara. Raden Abimanyu lumampah re ri katan kairingaken para punakawan. Semar, Gareng, Petruk lan Bagong ke pontal-pontal anggenipun mlampah.
             
Ing kasatriyan Madukara,Raden Arjuna taksih paring pangandikan kalian para garwa, Dewi Wara Sembadra, Dewi Srikandi,  Niken Larashati saha Sulastri, ngrembag daupipun keng putra Abimanyu kalian putra putri Prabu SriBathara Kresna, menawi sampun saged manggihaken patah sakembaran lare dusun nanging taksih putranipun satriya.


Arjuna: Ibune kulup. Wis suwe anggonku  ngutus Abimanyu  sowan Eyang Re si Wyasa, nganti seprene durung ana kabare. Parandene ngengingi mupu sa yembara Kakang Prabu Sri Bathara Kresna, seprene durung entuk gawe.

Wara Senbadra : Bapakne kulup. Disabar disik ya bapakne kulup. Aku sarta  para  garwa kabeh iya pada prihatin Bapakne kulup.
Arjuna:  Yen mengkono ayua kita kabeh pada minta nugrahaning Jawata.

Dereng dangu anggenipun sami rembagan, katungka sowanipun Raden Gatut kaca saha para rayi Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati.

Gatutkaca : Kula ingkang sowan kanjeng Paman.

Arjuna       : kaki Prabu Gatutkaca, ana pari gawe apa dene sliramu sowan kanti bocah wadon sakembaran.

Gatutkaca : Inggih kanjeng paman, punika Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati, taksih putera puteri paduka paman. Mangga paman, kula aturi ndangu  kawontenanipun  Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati.


Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati, matur dateng ramanipun. Matur sedaya kawontenanipun awit linggar saking pertapan Ngandongsumawi, ngantos saged pinanggih kalian para raka, Abimanyu lan Gatutkaca.


Dereng ngantos dangu anggenipun rembagan,Raden Abimanyu ingkang dide rekaken Para Punakawan sampun dumugi Kasatriyan Madukara.

Abimanyu : Kanjeng rama kula ngaturaken sembah bekti rama.

Arjuna: Iya dak tampa.Mau adimu Pregiwa lan Pregiwati wis matur akeh-akeh marang aku. Kepriye anggonmu sowan marang eyang buyutmu Ngukirahtawu.

Abimanyu : Inggih rama, sampun saged pinanggih kalian eyang buyut  Wyasa.  maringi pitedah bilih kula saged manggihaken patah sakembaran sarana dauping manten kaliyan Dewi Siti Sendari.

Arjuna: Yen ngono aja kesuwen, Ayo Ibune kulup, Srikandi, Niken Larashati, Sulastri. Abimanyu lan Gatutkaca, sarta uga Pregiwa Pregiwati. Kakang Semar, Gareng Petruk lan Bagong budal menyang Dwarawati,
              
Raden Arjuna sarta para garwo,  bidal ngagem titihan kereta kencana. Raden Abimanyu nitih kuda. Sarta Raden Gatutkaca nggegana. Para punakawan nitih rata mbekta uba rampe pinanganten. Mboten  dangu sedayanipun sampun dugi praja Dwarawati. Ugi sampun rawuh Raden Wrekudara saking Kesatriyan Jodipati sampun nengga wonten gapuraning praja.

Kresna :  Kene kene adiku Arjuna, Wrekudara kene pada manjing datulaya. Abimanyu lan Kaki Prabu Gatutkaca sarta putri sakembaran lan kakang Semar, Nalagareng, Petruk lan Bagong. Kepenakna anggonmu lenggah.

Arjuna : Kakaprabu Sri Bathara Kresna, sowan kula sakadang, bade ngatu ra ken pinanganten kakung pun Abimanyu. Saha ngaturaken patah sakembaran, Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati. Punika taksih anak kula piyambak pa tutan kalian Dewi Manuhara putra putrinipun Begawan Sidik Wacana. Nang ing saderengipun dugi kesatriyan Madukara, wonten margi pinanggih rubeda. Inggih punika para Kurawa,ugi bade mbekta lare kekalih punika dados patah wonten Dwarawati. Nanging Pregiwa lan Pregiwati mboten purun, lajeng dibu jung. Keleresan Abimanyu sarta Kaki Prabu Gatutkaca saged mungkasi karya.

Dereng dangu anggenipun sami pangandikan,rawuhipun tetamu saking Negeri Ngastina. Patih Harya Sengkuni, Pandita Durna saha para Kurawa, iring iring Pinanganten Raden Lesmana Mandrakumara, Satriya Saro ja Binangun ingkang sampun ngagem busana pinanganten. Geger praja Dwarawati.


Kresna: Paman Sengkuni, Bapa Pandita Durna sarta para rayi sedaya mang ga kula aturi  sami lenggah ingkang sekeca.

Sengkuni : Nggih ngger anak Prabu Sri Bathara Kresna. Kula nika kalian wak ne,wakne Gondel sarta para Kadang Kurawa, bade ngaturaken pinangan ten Kakung pun Raden Lesmana Mandrakumara sageda di daupaken dinten puni ka ugi.

Lesmana Mandrakumara : Iya  Wa Prabu Kresna aku didaupake saiki wae karo Siti Sendari, selak sumuk.

Kresna : iya, ya. La saranane endi, Paman Sengkuni, kula sampun nate matur bilih sinten mawon, punapa Abimanyu, punapa Lesmana Mandrakumara, ing kang saged ngaturaken rumiyin patah sakembaran punika ingkang saged ku la daupaken,Mangka wekdal samangke Abimanyu sampun saged ngaturaken patah putri sakembaran Pregiwa tuwin Pregiwati.

Sengkuni : heh.he.heeee, mboten saged koyo niku. Mestinipun kula ingkang sa ged Ngaturaken patah punika, pun Pregiwa Pregiwati. Nanging dipun Be gal ka lian Abi manyu lan Gatutkaca. Pancen bocah loro niku, awit riyin nggih koyo niku, kurang ajar.

Kresna : menawi kados makaten kula dereng saged nemtokaken punapa-pu napa. Gandeng sampun wanci dalu, prayogi Paman Sengkuni sarta Bapa Pen dita Durna saha para rayi sedaya lan uga Raden Lesmana kersa manjing won ten Bale Wisma Dwarawati. Nanging atur kula para kadang Kurawa napa Ka dang Pendawa,mboten kenging miwiti damel ontran-ontran wonten Praja Dwa rawati.Sinten ma won ingkang miwiti ndamel ontran-ontraning Praja Dwarawa ti rumiyin, daupipun kalian anak kula Dewi Siti Sendari kula wurungaken.

Sengkuni : La, kados makaten rak sae, Para Kurawa mboten bakal ndisiki geger Praja Dwarawati.

Sesampunipun Para Kurawa sami manjing Bale Wisma ingkang sampun ditem tok aken kalian juru Bale Wisma. Prabu Sri Batara Kresna dawuh dateng Patih Setya ki lan Patih Udawa saged njagi ketentreman Praja Dwarawati ing ndalu punika.

Kresna: Kakang Patih Udawa lan Dimas Setyaki.

Setyaki :Mundi dawuh Sang Prabu.

 Udawa:  Mundi dawuh, sinuwun.

Kresna : Praja Dwarawati kene, lagi ana gawe. Coba waspada anggone njaga kahanane Praja Dwarawati aja nganti ana geger.

 Patih kekalih :  Sendika dawuh ,sinuwun.

Suwasana ndalu ing Praja Dwarawati, ketingal sidem, premanem, namung su wan ten jangkrik lan orong bangkong, sarta kinjeng tangis wonten petamanan praja Dwarawati,ndadosaken sangsaya mrinding tiyang-tiyang ingkang dere ng tilem.Semanten ugi Patih Setyaki lan Patih Udawa ingkang jagi sasana ta  mu.

Saking pakuwon Kurawa, Raden Lesmana mboten saged tilem.Kanti mindak mindik Raden Lesmana medal saking pakuwonipun. Ing batosipun pingin sa nget panggih kalian Dewi Siti Sendari.

Lesmana Mandrakumara : Kok suwe banget ta wengi iki, aku kepingin temu Siti Senda ri, ning patunggone endi, kok pada kabeh. Coba tak mlebu kene iki sajake patu nggone Siti Sendari.
      
Raden Lesmana enggal enggal mlebet ing salah setunggalipun patunggon. Ingkang dipun angkah patunggonipun Dewi Siti Sendari. Nanging salah kedaden, Raden Lesmana Mandrakumara  klentu mlebet wonten patunggonipun Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati.  Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati mbengok sarosanipun.


Endang Pregiwa : Maliiing…mallliiiing…

Endang Pregiwati : Kangmbok maling iku apa ta kangmbok. Ya wis aku tak melu mbengok. Maling …maliiiiiing……maliiing.

Lesmana Mandrakumara: Aku dudu maling kok, iki patunggone sapa kok ya peteng ngene.

Patih Setyaki lan Patih Udawa, ingkang taksih wungon enggal mlajeng nututi sumber suwanten. Wusana Patih Setyaki lan Patih Udawa mrepegi patunggonipun Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati.

 Setyaki : Eiii, maling, ngakua maling, sapa jenenge lan duwe karep apa lumebu rene.

Lesmana Mandrakumara : aja kurang ajar kowe, wong aku dudu maling, aku mung mlebu patunggone Siti Sendari bojoku.

Setyaki  : wong ora waras, ki genah patunggone Pregiwa Pregiwati, kok diarani patunggone Dewi Siti Sendari. Kang Udawa, wong iki ringkusen, terus diaturke sinuwun Prabu Kresna.

Udawa : iya di, ayo diringkus bareng.

Lesmana Mandrakumara : Aku arep mok banda, kok enak, ya tak lawan, mrene maju, iki lo Satriya Saroja Binangun, putra Ngastina, Raden Lesmana Mandrakumara.

Wusana dados pancakara, Raden Lesmana Mandrakumara saged kapikut da dos bandan. Wonten suwanten geger, ndadosaken para Pandawa lan Kurawa sami kaget, enggal sami menyat ningali kawontenan njawi.

Sengkuni : Iki sajake ontran-ontran, mesti Pandawa sing miwiti.

Para Kurawa : E…la kok Lesmana kang dadi bandan. Iki wis ora bakal. Kura wa iku mau bengi wis janji Kabeh kadang Kurawa ora kena metu  saka pakuwon. Iki mesti gaweyane Prabu Kresna.


Sami umyeg para Kurawa manggih kawontenan  ingkang mboten sae. Para Pan dawa sedaya was wasing penggalih ngelingi Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati ingkang nembe wonten rubeda.

Arjuna : Pregiwa lan Pregiwati ana kedadeyan koyo ngene, kowe ora apa-apa, ta ngger.

Endang Pregiwa : mboten napa napa kok rama, namung kula kaget, dene won ten  tiang jaler mlebet Wonten patunggon kula.

Endang Pregiwati : Iya rama, aku mau kaget  ana regemeng regemeng mlebu ka mar bubukku.                            

Arjuna :    Yen ngono dadi atur marang Kakaprabu Sri Bathara Kresna.

Sesampunipun surya sampun sumunar, padang trawangan, Sang Prabu Batha ra Kresna, ngaturi para tetamu Saking Pandawa lan Kurawa sami kumpul won ten pendapa agung negara Dwarawati.

Kresna :     Para rayi kadang Kurawa lan Pandawa. Kula enjing punika rumaos gela dene wonten kedadosan kala dalu. Pramila kula nyuwun paring piterang saking Raden Lesmana Mandrakumara sarta Pregiwa lan Pregiwati .Ngger Lesmana Mandrakumara, jlentrehna sebab musababe ya.

Lesmana Mandrakumara : La, ya, ta wa Prabu,aku kok mok kurung neng paku 
won, dene aku   kepengin banget Ketemu karo bojoku Siti Sendari, mula aku mlebu kamare Siti Sendari

Kresna  : Oh ngono, dadi kowe ora salah. Ya. Sarehna sedela.  Coba critakn ana kedadeyan apa Pregiwa lan Pregiwati, critakna lan jlentrehna kedadeyan mau bengi iki sabenere ana apa.

Endang Pregiwa :    Wa, kala dalu kula taksih tilem kalih adi kula Pregiwati, mboten ngertos saking  Pundi, kok wonten bocah lanang mlebu kamar kula, ku la  kaget, terus mbengok sarosane.


Endang Pregiwati  :   Iya, wa, aku kaget, nalika  ana gremeng gremeng marani kasur bubukku.
            
Kresna   Para Kadang Pandawa lan Kurawa, bareng tak teliti ke daden mau bengi iki sanyatane lupute Raden Lesmana Mandrakumara.
             
Sengkuni : Prabu Kresna, aja kaya niku, niki namung akal akalane sampeyan ta supados wurung dauping penganten saka negara Ngastina Wingi kula rak empun ngomong,  Pregiwa lan Pregiwati iku patah saka negara Ngastina, neng ndalan dibegal kalih niku si, Abimanyu karo Gatutkaca.  Pokoke Kula mboten trima, nek nganti daupe Lesmana Mandrakumara mang wurungke.

Kresna:   Paman Patih Haryo Sengkuni,  Ngengingi patah saged kula wedarke samangke. Cobi Paman Haryo Sengkuni, pangandikan piyambak kaliyan Endang Pregiwa lan Endang Pregiwati. Napa purun dados patahipun jengandika paman.

Sengkuni  : Endang Pregiwa lan Pregiwati, gelem ya dadi patahku, kanggo ndaupke kangmasmu Lesmana Mandrakumara entuk Dewi Siti Sendari.

Endang Pregiwa :  Aku moh mbah, aku wis dadi patah kakang Abimanyu.

Endang Pregiwati: Aku pada kangmbok Pregiwa, emoh juga.

Sengkuni  : Prabu Kresna nek sampeyan kaya niku, e tak labuhi pecahing kendil wutahing Kwali.

Lesmana Mandrakumara : Pripun eyang, wurung eyang?, ora apa apa, sik ana gantine, sesuk Pregiwa tak Lamare.
     
     
Gatutkaca     : Kurang ajar,mengko tak dugang tenan.

Sengkuni       : Bocah Kurawa, metua njaba ngger, gawea geger neng  praja Dwarawati.                

Bocah Kurawa  :Nggih man, sendika dawuh man, ayoooo,ayyyoo ayooo.             
      
Kresna           :Dimas Wrekudara, ladenana, ya di.
      
Wrekudara     :Iya Jliteng kakangku, pangestumu.      
                                                                                                                              


Wusana kadang Kurawa lan Pandawa pancakara, Wrekudara ngasta gada Rujakpala, para Kurawa sami mlajar,bubar tangkar, wangsul dateng negari nipun.

 Mboten sawetawis dangu, Prabu Punta Dewa sarta Ratu Drupadi kaderekaken, Nakula lan Sadewa  kanti kereta kencana sampun dugi wonten Praja Dwarawati, bade ngestreni daupipun temanten Raden Abimanyu kaliyan Dewi Siti Sendari.

     
Kresna        :Yayi Prabu Puntadewa, saha para kadang Pandawa, Gandeng nega ri Dwarawati sampun saged tintrim,mila daupipun Abimanyu kalian Dewi Siti Sendari kita ayahi samangke mawon.
              
Puntadewa   : Nyumanggaken Kakaprabu Sri Bathara Kresna.                                              
                    
Kanti Gamelan Kebo Giro, pinanganten kakung Raden Abimanyu, kapanggihaken kaliyan Pinanganten Putri Dewi Siti Sendari, ingkang kaapit dening putri sakembaran, Pregiwa lan Pregiwati. Prabu Sri Bathara Kresna, Prabu Punta dewa saha para kadang sedaya, sami dahar kembul bojana.


 TANCEP KAYON